Thursday, June 28, 2012

Busana Kejawen ing Surakarta






















Ngrembag bab busana kejawen ing Surakarta punika boten saged oncat saking budaya jawi. Sabab busana kejawen makaten kalebet "Pangipun Budaya Jawi".

Dene budaya jawi ing ngriki, tegesipun budaya jawi ingkang sumberipun saking Keraton Surakarta Hadiningrat inggih punika busana kejawen ingkang dumugi sapriki adhakan sami dipun wuningani. Cethanipun manawi wonten tiyang gadhah damel mantu umpamanipun, dipun temaha itawi mboten dipun temaha, ngertos utawi mboten ngertos nyatanipun sa'emper kaliyan busana tatanan ing Keraton Surakatra Hadiningrat.
Menggah busana tatanan Keraton Surakarta Hadiningrat punika sakawit ing jaman Juneneng Dalem Ingkang Sinoehoen Kanjeng Soesoehoenan Paku Buwana Kaping III rikala hamarengaken Pangeran Mangkubumi (Bapa Paman piyambak ISKS PB III) utawi rayi Dalem Ingkang Sinoehoen Kanjeng Seosoehoenan Pakoe Buwono Kaping II; kagem hangrenggani Keraton Ngayojakarta (Perjanjian Giyanti warsa 1755)
Busana lami ingkang kalebet tetilaran saking Majapahit lan Demak Bintara Kanjeng Pangeran Mangkubumi (HB I) kagem ing Ngayojakarta kados ingkang sami dipun uningani ngantos dumugi, salajengipun lumampahipun pamarintah wonten ewah-ewahan sawetawis ing jaman ISKS PB IX kalajengaken ewah-ewahan malih ing jaman ISKS PB X tuwin PB XI. Dene ingkang badhe kaandharaken ing ngandhap punika busana jawi ing jaman Ingkang Sinoehoen Paku Boewono Kaping XII sawargi ngantos punika.
Busana kejawen ing Surakarta sakpunika, kados wonten ing Keraton Surakarta tumrap kakung wonten kalih inggih punika:
















  1. Busana Jawi Jangkep (Ageman warni Cemeng)
  2. Busana Jawi Jangkep Padintenan (Saugeran boten Cemeng)
Busana Jawi saking Nginggil mangandhap antawisipun :
  1. Udheng (Blangkon, dhestar)
  2. Kulambi (Rasukan krowok wingking)
  3. Setagen (paningset)
  4. Sabuk (paningset)
  5. Epek - Timang - Lerep
  6. Sinjang (nyamping)
  7. Keris ( Dhuwung, Wangkingan)
  8. Cenela utawi selop (namung kagem sanjawining Keraton)