Wednesday, July 11, 2012

Udheng utawi Dhestar

PANGERTOSANIPUN DHESTAR UTAWI UDHENG

Udheng basa ngokonipun iket utawi blangkon, dene krama inggilipun Dhestar, punika arupi panganggen ingkang dipun agem nutupi Mustaka.
Udheng makaten limrahipun kadamel saking kain bathik awujud pesagi, ingkang lajeng kalempit katata kawangun kanthi njlimet, supados rerengganipun kiwa tengen sami, lajeng nembe dipun jahit miturut ukuran saha cangkrikipun.
Jaman kala rumiyin taksih kalimrah udheng hanggenipun mangangge dipun iras, tegesipun kain bathik pesagi kalawau lajeng kemawon dipun ubed ubedaken mustaka kanthi tatacara trep nembe pucukipun kain bathik dipun tangsulaken ing sisih wingking ngandhap mustaka. Dene manawi sampun boten kangge lajeng dipun udhari malih.

UDHENG / DHESTAR

Udheng utawi dhestar kaprah ing Keraton Surakarta wonten kalih, inggih punika:
  • DHESTAR JEBEHAN

Dhestar punika agemanipun para luhur, dhestar punika ugi boten mawi kuncung, sanadyan sampun kaprah ugi kaangge wonten sanjawinipun keraton. 








 
  • DHESTAR CEKOK MONDHOL MAWI KUNCUNG
 Panganggenipun para abdi dalem Bupati Sepuh sapangandhap wiwit saking:
  1. Pangkat BUPATI RIYA NGINGGIL           Sesebatan KRHT / KRAT
  2. Pangkat BUPATI SEPUH                         Sesebatan KRMT / KRT
  3. Pangkat BUPATI ANOM                          Sesebatan RMT / RT
  4. Pangkat PANEWU                                   Sesebatan BEI / Mng
  5. Pangkat MANTRI                                    Sesebatan Mng
  6. Pangkat Lurah                                         Sesebatan ML / RL
  7. Jajar                                                        Dereng gadah pangkat
  8. Punakawan                                              Dereng gadah pangkat
   















WANGUNIPUN UDHENG UTAWI DHESTAR

Miturut wangunipun, ingkang kaprah wonten kalih warni, inggih punika:
  • UDHENG JEBEHAN
Titikanipun udheng jebehan punika sisih ngajeng boten wonten kuncungipun. Kajawi punika ing sisih wingking mondholipun terusan mlered saking nginggil mangandhap mujudaken irung irungan lonjong nanging trepes. Dene sakiwa tengenipun mondholan wonten "Jebehanipun" awujud Elar elaran mangiwa manengen.
  • UDHENG CEKOK MONDHOL 
Titikanipun udheng cekok mondhol inggih punika ing ngajeng wonten kuncungipun, dene ing wingking wonten mondholan awujud lonjong kados tumempel ing wingking udheng. Sisih nginggilipun mondholan wonten rerengganpun awujud dhasi kupu alit. 
 
PERANGANIPUN UDHENG UTAWI DHESTAR

Nama peranganing udheng, cakrik sarta tegesipun ingkang kalimrah inggih punika:
  • KUNCUNG
Inggih punika awujud pucuking kain bathik ingkang mapanipun wonten ngajeng ing tengah tengah pas tengahing bathuk. Kuncung punika namung wonten ing udheng cekok mondhol.
  • WIRON
Inggih punika awujud peranganing kain bathik ingkang mapanipun wonten ngajeng lan kain punika kawiru ing ering kiwa lan tengen sak nginggiling alis.
  • SUNGLON
Inggih punika pinggiraning bathik ingkang dipun papanaken sak nginggiling wiron.

  • KEMADHA
Inggih punika pinggiraning bathik ingkang kaprenahaken wonten ing kiwa tengening udheng. Ingkang  lancip-lancip punika winastan cakrik pangkur.
  • TALINGAN 
Inggih punika peranganing udheng sisih kiwa tengen ngandhap radi melengkung supadhos trep mapan sak nginggiling talingan.
  • MODHANGAN
Inggih punika namaning cakrik rerenggan bathik ingkang mapanipun wonten ing sisih nginggil. ( Nginggil Rikma, wiwit saking nginggil ngajengan tumuju tengah, nginggil embun embun)
  • MONDHOLAN
Inggih punika peranganing udheng ingkang awujud bundher semu lonjong radi gepeng ingkang kapapanaken wonten sak wingkingipun udheng ing tengah tengah, trep nginggil githok.
  • PUCUKING UDHENG
 Ing sisih nginggil manawi wangupipun lancip dipun sebat "cakrik perbawan" (ingkang ngagem hanggadahi raos prabawa). Dene manawi radi papak dipun wastani "cakrik kasatriyan" (ingkang ngagem hanggadahi raos kadi dene satriya).

    No comments:

    Post a Comment