Monday, April 25, 2011

Geguritan

Panggonan salah lan dosa


Wis tak rasake...
Nyambut gawe seprono seprene
Tak lakoni gulung koming
Kanggo sapa ta?

Iklhas aq kelangan banda lan wektu
Ikhlas aq kudu padu karo bojoku
Ananing mung salah...
Kanggo sapa ta?

Awan bengi...
Esok sore...
Mangan lali...
Ngombe kurang...

Awak rasane grembebeg
Ati rasane lara
Isine mung salah
Ora tau enthuk pujian

Kowe ngerti opo ora?
Sing tak arep mung siji
Saka kuwe sing ra ngerteni
Ejenana usahaku...

Namung kuwi sing bisa,
Nglegakake atiku
Aq ra butuh tenar
Aq ra butuh banda
Sing tak goleki...
Awak sehat...
Ati seneng...

Duh Gusti....
Midhangetaken panyuwun kula
Amargi Panjenengan ingkang saged kula suwun
Sanes sinten kemawon...


Pak Wo, 25/04/2011

No comments:

Post a Comment