Wednesday, June 8, 2011

Nalusur Undha-Usuk Basa Jawa


Umur lan tuwuhipun undha-usuk basa menika sami saha sesarengan kaliyan sejarah gesangipun basa jawa. Yen kagarba, undha-usuk basa wau wonten kalih tataran, inggih punika basa ngoko kaliyan basa krama. Nanging sajatosipun taksih wonten peprincen mawarni-warni. Nanging jinis lan wujudipun boten ajeg, tansah ewah gingsir miturut ombyaking sejarah gesangipun basa jawa.

Amargi gesangipun basa jawa menika sampun tumapak atusan taun kapengker, lan seratan utawi dokumen ing bab undha-usuk basa namung winates sanget, pramila tuwuh lan ewah gringsing undha-usuk basa ugi angel dipun tlusur kanthi runtut. Pangripta namung saged matur bilih undha-usuk basa punika nggadhahi sambet rapet kaliyan kautamening ngagesang (nilai-nilai hidup) saha paugeraning pasrawungan (norma-norma pergaulan).

Kanthi dasar punika, tuwuhipun undha-usuk basa ingkang taksih kenging dipunungak lan dipunlacak kados-kados kantun kalih jaman, inggih punika undha-usuk basa ing jaman Kajawen, saha undha-usuk basa ing jaman modheren. Amargi antawis kalih jaman kasebat wonten ewah-ewahan ingkang wigatos (mendasar/fundamental) tumrap kautamening ngagesang saha paugeran pasrawungan ing salebetipun masyarakat jawa. Ing salajengipun pranyata ewah-ewahan kasebat ugi njalari ewahipun undha-usuk basa, mliginipun ing bab pepricening basa ngoko lan krama.

No comments:

Post a Comment