Monday, June 6, 2011

Unggah-Ungguh ing Basa Jawi


Tiyang Jawi nengenaken sanget unggah-ungguh, subasita utawi tatakrama, amargi nggadhahi watak wantu andhap asor saha seneng ngurmati ing ngasanes. Nanging boten ateges tiyang Jawi menika lajeng tansah rumaos dados tiyang ingkang asor lan remeh martabatipun. Wonten ingkang mastani gadhah raos minderwaardig, menika babarpisan boten. Sami kaliyan bangsa-bangsa sanes, tiyang Jawi tetep tansah njagi ajining dhiri pribadi. Dene sarananipun inggih malah unggah-ungguh basa punika, awit tiyang ingkang saged ngaosi ing ngasanes, temtu ugi dipunaosi matabatipun.

Wonten sesanti:
Ajining dhiri saka lathi
. Tembung lathi punika krama inggil, tembungipun ngoko lambe. Wonten ing sesanti kasebat tembung lathi mralambangaken pawicantenan utawi wedaling basa. Kanthi makaten, sesanti punika ngemu suraos bilih tiyang ingkang basanipun sae, tansah migunakaken unggah-ungguh basa, mesthi dipunaosi dening tiyang sanes.

Pangertosan unggah-ungguh basa punika pranataning basa miturut lenggahing tatakrama. Dados wosing andharan pangertosan kasebat inggih punika bilih tiyang ingkang saged ing unggah-ungguh basa, yen wicanten utawi sesambetan kaliyan tiyang sanes, basanipun tansah dipunarah-arah, netepi pranataning subasita, paugeraning tata susila, murih tansah adamel reseping manah.

Wondene caranipun, tiyang wau tansah saged nglenggahaken dhiri pribadi, njagi ajining dhiri nanging boten pegat ing lampah lembah manah, andhap asor saha pinter ngurmati ing ngasanes. Tumrap unggah-ungguh basa, prakawis ingkang kalebet wigatos lan remit inggih punika cak-tumindakipun ngurmati tiyang sanes, amargi kanthi tansah mulat sawatawis pepenget utawi faktor ing antawasipun:

1. Faktor umur. Tuladhanipun: lare alit ngurmati lare ingkang langkung ageng. Tiyang enem ngurmati tiyang ingkang langkung sepuh.
2. Faktor Peprenahan (kekerabatan. Wosipun tiyang ingkang kaprenah enem, ngurmati sadherek ingkang awunipun langkung sepuh. Tuladhanipun: adhi ngurmati kakang utawi mbakyu. Anak ngurmati bapa lan ibu (tiyang-sepuh). Putu ngurmati embah. Keponakan ngurmati bapa paman lan bibi, lsp.
3. Faktor drajat pangkat. Tuladhanipun: murid ngurmati guru. Pegawe (pegawai) ngurmati pangarsanipun ( pimpinan ). Warganing pakempalan ngurmati sesepuhipun ( ketua )
4. Faktor drajat semat. Tuladhanipun Tiyang ingkang sugih, utawi sitinipun wiyar, blanjanipun ( gaji )ageng, lsp. langkung dipunaosi.
5. Faktor darah utawi trah ( keturunan ). Tuladhanipun Tiyang ingkang gadhah sesebatan ( title, gelar ) bandara, raden ajeng, raden mas lsp. langkung dipunaosi.
6. Faktor luhuring pribadi ( kualitas pribadi. Tuladhanipun Tiyang pinter utawi pasca sarjana ( ingkang gadhah title Dr. dr. Ir. S.H. S.E. lsp) para pahlawan, ahli budaya ( budayawan ), ahli seni ( seniman ), para ngulama lsp. langkung dipunaosi.
7. Faktor tetepangan. Wosipun tiyang ingkang dereng tepang, dereng patos tepang, utawi tepangan enggal, limrahipun langkung dipunurmati tinimbang tiyang ingkang sampun kulina. Tuladhanipun: yen manggihi tamu, utawi tetumbasan dhateng bakul, ingkang dereng tepang utawi dereng kulina, limrahipun mawi basa krama.
8. Lan sanes-sanesipun, bok bilih taksih wonten faktor malih.

Kajawi ngengeti faktor-faktor kasebat, caranpun nemtokaken andhap-inggil utawi ageng-alitipun pakurmatan ugi boten wonten paugeran ingkang gumathok, tembungipun sanes boten definitif. Ingkang wonten namung kados dene ancer-ancer, ingkang gumantung raos pangraosing manah ( subyektif, saha miturut swasana tuwin kawontenan ( relatif ). Salah satunggaling sarana kangge angesthi pakurmatan ingkang trep lan prenah, inggih namung kanthi alusing raos, lantiping sasmita, tajeming panggraita sinartan samidene samad-sinamadan saha mong-kinemong utawi ulat-ulatan.

No comments:

Post a Comment